Minggu, 04 Mei 2008

Nglestantunaken lan Ngrembakakaken Basa Jawi: Namung Ngawang?


Basa Jawi, kepara basa ingkang pol kathah dipunginakaken ing wantara suku sajroning nuswantara. Mboten kirang kinten-kinten 40% saking sedaya cacah pendhudhuk Indhonesia miyos mawi basa ibu basa Jawi. Ananging, sakmenika dasawarsa samriki, sansaya sekedhik panggina basa Jawi. Kawula piyambak ingkang dados seksi paewahan kahanan menika. Nalika kawula taksih alit, wonten dhusun kawula,mboten ewet menawi nemoni tiyang alit ingkang gancar matur mawi basa Jawi. Menika amargi basa Jawi dipunwarah dening tiyang sepuh minangka basa sepindhah. Lir tambah yuswa, utaminipun nalika badhe mlebet pawiyatan, dipunwiwiti proses ngangsu kawruh basa Indhonesia. Mboten mangertos sabab menapa, kathah-kathahipun para si nom menika langkung gancar ngginakaken basa Indonesia tinimbang basa Jawi. Miturut panemu kawula, sedaya menika amargi kaasringan (intensitas)wekdal celathon ingkang dipuntelasaken wonten pawiyatan. Sabab sanes, kathah ukara saha tembung basa Jawi ingkang dipunpendhet dados basa Indhonesia, ugi sawalikanipun. Basa Jawi saestu kalebet satunggal rempon basa Austronesia, sami kaliyan basa Jawi. Boten mokal, menawi kathah tetembungan ingkang mirip utawi sami plek. Sabab kaping tiga, basa Jawa langkung kompleks: ewet tinimbang basa Indhonesia. Kawula sampun nate maca buku, ingkang ngudhal menawi wonten sanga terap (tingkatan)basa Jawi. Namung sakmenika kantun tiga terap kemawon. Krama Inggil, Krama Alus, Krama Ngoko, Ngoko Alus, Ngoko. Sampun mboten saged dibedakaken malih kaliyan basa madya.

Sakmenika, basa Indhonesia sanes mungsuh tunggal ingkang anggeser basa Jawi. Para tiyang sepuh ugi kathah ingkang mulang basa Inggris. Kula mboten saged mangsuli, menapa basa Jawi ingkang musna menika sampun proses alami satunggaling basa? Diginakaken, moncer, lan sansaya ilang ing jagad pasaingan negari. Sinten ingkang rikat telaten lan gadhah pengaruh, piyambakipun ingkang angsal.

Pangupaya pemerintah dhaerah mulangaken basa Jawi ngantos SMA, patut dipun sengkuyung kita sedaya. Budhaya Jawi saestu tasi dirembakaken. Wayang, Kethoprak, Sintren, Tayub, lan sakpiturutipun taksih dipun remeni ngantos sakmenika, namung menawi basa? Kadose kita sedaya mboten saged ngrembakaken mawi kanjlimetan ingkang sami kaliyan basa Jawi saabad kepengker, kala ukara basa Jawi taksih teras tambah lan sansaya tambah, sairing dening perkembangan tetiyang Jawi rikala sakmenika.Racake, kita kedah maringaken basa Jawi minangka basa Ingkang teras ngrembaka (berkembang)boten kendhat. Ampun membakukan basa JAWI. Ukara basa Jawi kedah teras ngrembaka.

Kawula sampun nate ngguyu kemekelen nalika wonten guru basa Jawi ingkang nyalahaken siswa ingkang nulis dening ukara Jawa kontemporer ingkang trend. Menapa kedah dienggah? Dipun tilar kemawon,Baku mbotene ukara kula timbang boten penting. Menapa sedaya ukara mula bukane ugi baku? Baku mbotrene ukara namung ditemtukaken dening pamerintah. Miturut panemu kula, tindhakan menika malah sansaya damel basa Jawi mengkeret lan saya mengkeret, dene tiyang Jawi piyambak inggih saya kesupen ukara-ukara lan pangginaan basa Jawi.

Mangga dipun pirsani, ing saindenging lingkungan kita piyambak, menapa taksih wonten tiyang si nom ingkang gancar ngginakaken basa Jawa krama? Lha sagedipun basa Jawi ngoko, niku inggih sampun kecawur-cawur dening basa Indhonesia.

Tata cara kados pundi malih supados basa Jawi mboten ical????
Kula piyambak nulis opini mawi Basa Jawi krama ingkang pas-pasan,kawula ugi ngraos, setunggal separo warsa kawula gesang ing Solo, salah satunggaling pusat budhaya Jawi, malah sansaya kesupen basa Jawi, marga rencang kawula (ingkang tiyang Solo piyambak) malah ngagem basa Jawi Ngoko ingkang sampun dipunmodhifikasi amrih basa Indhonesia.

Kula tresna basa Jawi, ananging kawula boten saged menggah kaicalan basa Jawi saking donya niki. Sumangga, kita: Kawula lan panjenengan ingkang ngaku tiyang JAWI, wiwit ngginakaken basa Jawi lan anyugihi ukara lan angleresi grammar basa Jawi. Caranipun?
Kula kinten kathah buku ingkang ngamot tata basa Jawi. Ugi kita kedah ngasringaken pangginaan basa jAWI. Kula lan panjenengan panci dereng leres utawi malah dereng saged ngabasa Jawi. Tekad lan pangupaya ingkang mboten mandheg lan kendhat kanthi mligi ingkang trep lan leres, saged sakirangipun ngalonaken kamusnan basa Jawi saking donya niki.

Amin
(Catatabn kaki: Aku merasa begitu sedih(kali ini aku sedang tidak lebay), karena keterbatasanku dalam berbahasa Jawa, banyak buah pikiran yang seharusnya aku ungkapkan, kusimpan lagi dalam bentuk konsep. Aku sedih tidak bisa selancar dulu menggunakan bahasa Jawa, justru satu setengah tahun semenjak aku hijrah ke Kota Solo: IRONIS dan SANGAT memalukan!!!!!!!!)

Semoga suatu saat aku bisa membeli kamus bahasa Jawa terlengkap yang pernah ada (yang ironisnya karangan seorang ahli Belanda Prof. Zoetmulder)satu tiga perempat kali lebih tebal dari KBBI (hampir separuh isi KBBI termasuk kata serapan). Buku setebal kamus Zoetmolder masih murni bahasa Jawa:(Kawi, Kontemporer dan juga Sanskerta)
Rp.265.000,00

Doakan akau dapat ya!!!

2 komentar:

Princess_Kirara mengatakan...

Kula nggih isin,sanajan wong Solo,naming mboten gancar mawi basa jawi krama inggil ingkang pener. Naming,yen kitha pada ketemu kaliyan tiyang saking luar jawa,yen ngagem basa jawa,lak padha ngendika "roaming..roaming". Pripun yen para rencang rencang ugi kula kaliyan panjenengan mbiasaaken ngagem basa jawi,luwih becik ngagem krama inggil.

Gunemane Gemblink mengatakan...

wah salut2 buat kalian, aku malah belum biasa belajar bicara halus...

kalo bukan kita yang melestarikan bahasa kromo siapa lagi, meningat derasnya persaingan globalisasi yag menuntut kita harus arif bijaksana..

kapan2 ajarin aku ya